Randha

Dening Sunu Wasono*

Aku mung arep ngudarasa, ora niat nggurit. Mula iki dudu geguritan. Sing arep tak rembug ora ana liya kajaba bab randha. Nyuwun sewu kagem pamaos ingkang statusipun randha. Ampun kirang ageng anggenipun paring pangaksama dhumateng kawula. Dipun anggep kemawon niki omongan ngayawara. “Ning kok ya ora bisa sinebut ngayawara, wong nyatane ana,” celathune Lek Mukidi mbucuki rembug.

Ature Lek Mukidi bener. Pancen ana nyatane. Ora (di)gawe-gawe. Kedadeane (tekapene) ana cedhak omahku, ana sawijining kampung kang bisa diarani unik. Mengkene sing tak karepake unik. Ing kampung kuwi yen ana randha anyar, akeh wong lanang kang “ngereki” utawa ngapeli kanggone cah enom. Wong kampung iku ngarani nglancongi. Yen cara wong biyen ngarani ndhemeni. Embuh apa sababe angger ana randha anyar, mbuh enom mbuh setengah tuwa randhane, mesti enggal dilancongi. Dadi “rega” randha malah dhuwur. Ya amung sing nglancongi ora mung dhudha. Ana uga–ora mung siji loro–kang isih duwe bojo.

Durung suwe iki aku dicritani karo salah sawijining randha kang dilancongi dudha telu. Dheweke bingung arep milih sing endi. Ning ana siji kang serius. Lire meh saben dina teka menyang omahe randha iku. Ora tedheng aling-aling, ora nganggo sesanepan, dheweke ngaku blak-blakan pengin ngawini randha kuwi. Mbok randha bingung. Celathune marang aku: “Gimane ya Pak? Ini serius banget, tapi dia kagak punya yang saye mau. Biar kagak punya kerjaan tetap, saye maunye die punya kontrakan gitu. Soal anak saye yg kagak suka maknya kawin lagi gampang dah. Kasih uang juga diem.”

Aku kang dicurhati bingung. Wedi salah. Oh iya, sing serius iki wis munggah kaji tur ya ustad maneh masia ustad kampung. Ketoke mbok randha, yen miturut terawanganku, bakal milih pak haji iku sabab priyayine masia cilik-endhek rong taun luwih enom (seket punjul sethithik) umure. Dadi iku kaluwihane. Meh saben dina dheke nyambangi. Kadhang menehi duwit njur njaluk dimasakke semur jengkol, sayur asem karemane dheke. Wondene wong lanang liyane ketoke ora dipilih sabab kagolong kendho ekonomine.

Iku dongenge randha cedhak omahku. Iki tak critakne ora merga aku kelingan lagune Mus Mulyadi. Tenan ora, sanadyan aku seneng banget karo lagu iku. Iki tak dongengke sampeyan merga aku karo bojoku bola-bali dicurhati mbok randha iku. Dheweke durung bisa mutuske. Aku wedi kleru. Soale mbok randha kang tak critake iki umure wis 56 tahun.
Lha yen ngasi ana kedadean apa-apa sakwise ningkahan apa ora kojur aku.

Omong-omong bab randha, yektine aku iki gumun setahun jembleng serendheng. Kenapa wong yen randha terus digatekne banget. Kang gawe gumunku, wong lanang kang isih duwe bojo kok ya melu-melu. Iku kang gawe gumun. Pernah kedadean. Ana randha anyar dadi omongan rame banget. Kabar iku keprungu aku. Saking santere, aku penasaran. Jan-jane kaya apa ta ayune randha iku kok wartane ngedab-edabi banget.

Meneng-meneng aku nylidhiki. O, ya pancen lumayan. Wonge resik tur pinter dandan. Wong lanang kang gampang kebrongot napsu birahine mesti mbatin yen mandeng bodine lan polatane. Lha aku malah dikira melu nglancongi, kamangka aku mung nontoni saka kadohan, tur ora suwe lan ora bola-bali kaya liyane. Cukup sepisan pindho karo tuku dodolane, soto mie. Pancen soto mine mirasa, ning ora kaya kang dicritakne para “fans”-e randha iku. “Semangkok soto mie, kopi segelas tambah nyawang eseme bakule ndadekke awak gembrobyos, ati kemranyas. Sirah kang sadurunge ngelu isa waras sak kal.” Mengkono celathune abang-abang kang wis kedanan randha weweg iku. Aja kleru, aja lali, aku ora klebu wong-wong iku lho. Sempet mbatin: empok ki kok keker temen. Mendah kuwate. He he he.

Bab iku tak critakke marang bojoku. Dhasare lagi apes. Lha kok aku malah dinesoni bojoku.
Dikira aku arep macem-macem. Hadeeeuh.
Liya dina bojoku celathu ambek aku: “Aku wis ngerti randha sing mbok apeli iku. Awas yen kowe macem-macem”. Aku ya mung meneng. Maune ngecuprus njur kaya orong-orong kepidak kae. Cep klakep. Mingkem tanpa gunem. Wis jan ora duwe daya, kaya Baladewa ilang gapite. Ngono lurdulur critane bab randha.

Iseng-iseng aku mbukak kamus jawa. Jan-jane tembung randha iku mengku teges apa ta. Ketoke ana kang beda ngono. Kang ana gandheng cenenge karo randha ngertiku ya mung randha royal. Tibake ana tembung rupa-rupa kang gegayutan karo tembung randha. Coba disimak, ngerti tegese ora sampeyan karo tembung-tembung iki: randha kembang, randha kisi, randha kuwat, randha luke, randha caluk, randha tanggung, randha drengis, randha keli, randha kuning, randha maya, randha menggala, lan randha manut. Lha ana maneh tembung cangkir randha, lepek randha, lan keris landha. Embuh tegese apa, aku ora ngerti jalaran neng kamus ora diterangke, mung didaftar wae.

Pancen nyata tenan, ngrembug randha ora ana enteke.

*Seorang pengarang, doktor susastra FIB UI


Share

By About

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Mabur.co

© 2025 Mabur.co